Kesenian Banyumas Seri Siji

Banyumas, SBB.WP.com – Sedulur, rika pada jane pada ngerti apa ora, dene kesenian asli Banyumas kuwe anu werna-werna banget. Lha inyong kuwe lagi mandan penasaran, mangkane terus golet-golet literatur lan informasi. Nemu tulisan menarik sing njelasna dene kesenian asli Banyumas jumlahe ngosi puluhan. Njajal tek etung sing uwis terdata kira-kira ana werna rongpuluhan. Tapi sing mrihatinna, kesenian-kesenian kuwe mau wis mulai ditinggalna diganti kesenian sing jere luwih modern.

Mangkane lur, dalam rangka ngemutna maning maring rika pada, lan sukur bisa aweh gambaran maring wong luar negeri tentang Budaya asli Banyumas, inyong njajal nggawe daftar kesenian kiye. Muga-muga rika pada sing esih nglakoni kesenian kuwe aja pada mandeg. Mayuh bareng-bareng pada dijaga aja ngosi punah. Lha merga ana akeh, tulisan kiye inyong gawe telung seri. Kiye seri pertamane sing nulis werna pitu cacahe, ya kuwe:

  • AKSIMUDHA

Aksimudha kuwe kesenian sing bernafas Islam sing bentuke atraksi pencak silat digabungna karo tari-tarian khas Banyumas lan ditabuhi karo terbang utawa genjring. Pertunjukan kiye dilakoni nang wolu cacahe penari lanang. Aksimudha kuwe berkembang nang kabeh wilayah Banyumas jaman ndisit. Tapi siki jaremonge esih bisa ditemokna nang Keacamatan Wangon.

  • ANGGUK

Angguk kuwe anu mirip banget karo aksimudha. Bedane mung ora ana pertunjukan pencak silate.

  • APLANG utawa DHAENG

Aplang atau dhaeng kuwe pada jibles karo angguk. Bedane pemaine kuwe wadon kabeh cacah wolu. Aplang tesih berkembang nang kabeh wilayah Banyumas khususe Kecamatan Somagede.

  • BARITAN

Baritan kuwe upacara njaluk kesuburan sing diperlambangkan karo kesenian. Ana werna loro cacahe baritan, ya kuwe baritan kanggo njaluk udan lan baritan kanggo njaluk ingon-ingone sehat, lemu-lemu. Baritan biasane dilakoni nang wulan kapat, sekitar wulan September. Kesenian kiye tesih ana nang wilayah Kecamatan Ajibarang.

  • BEGALAN

Begalan kuwe seni tutur tradisional sing diengggo sarana upacara mantenan. Begalan nggambarna crita perampokan sing dialami pihak besan (mempelai pria). Nang falsafah Banyumas, sing dibegal kuwe dudu harta benda, tapi bajang sawane nini penganten (kabeh masalah sing mungkin diadepi nang njero urip brayan rumah tangga).

Begalan dipernna nang wong dewasa loro cacahe sing kanggo perlambang sedulur pancer lanang (saudara garis lanang) sekang pihak mempelai lanang. Wong loro kuwe mau nari-nari nang ngarepe pasangan manten karo nggawa properti sing aran brenong kepang. Properti kuwe mau awujud alat-alat rumah tangga sing biasane nang pedangan sing nduweni makna sangu sing manfangati kanggo manten ngarungi rumah tangga. Pentase begalan ditabuhi karo gendhing Banyumasan sing sumbere perangkat gamelan. Begalan gutul siki tesih ana nang kabeh wilayah Banyumas.

  • BONGKEL

Bongkel kuwe alat musik tradisional sing mirip angklung sekang Jawa Barat. Tapi mung kesusun siji instrumen kanthi papat cacahe bilah sing nduweni laras slendro. Nadane ro, lu, ma, lan nem. Pentase ya ditabuhi karo gendhing, tapi gendhing kiye khusus beda karo gendhing liyane. Bongkel ana nang Desa Gerduren, Kecamatan Purwojati.

  • BUNCIS

Buncis kuwe gabungan antarane musik tradisional lan tail sing dipentasna nang 8 cacahe penari lanang. Pentase pemain buncis kuwe nari disambi dolanan musik lan muni (vokal). Alat musike mirip angklung. Buncis kuwe kesenian khas Desa Tanggeran, Kecamatan Somagedhe.

Kuwe mau, pitu antarane kesenian sing ana nang Kabupaten Banyumas. Sing liyane mengko disambung nang coretan liyane. Kiye inyong wis arep mangkat ngode sih. Sukur pisan rika pada nggolet dewek nganah. Apa malah arep aweh info maring inyong tentang kesenian Banyumas ya kena. Bisa ngirim tulisan maring alamat email kang.nunu82@gmail.com. Tulisan utawa artikel karo tema liya ya ulih. Nek arep promosi juga ora papa. Sing penting manfangati. Syarate kudu nganggo basa “cablaka” banyumasan. Soale tujuan blog kiye salah sijine nglestarikna basa cablaka banyumasan. Dadi mbok anu inyong bingunge kaya ngapa nulis nganggo basa kiye, ya tek peksa bae. Mandan campur-campur ya ora papa.[]

Sumber: Artikel nang http://bagusdewan.blogspot.com

Mas Nunu – Pimred www.ahmadtohari.com

Tinggalkan komentar